Dino iki aku mangkel tenan. Mangkele rak umum. Juengkel puollllll. Kampret tenan.
Mergane pelem The Sun Also Rise karyane sutradare Jiang Wen. Pelem sik judule podho plek ambek judul novele Hemingway iki isine ono papat fragmen. Tiap fragmen kejadiane ning musim sik bedho-bedho: summer (kesumuk’en), spring (mecothot), autum (tepar), winter (kademen). Settingane pas jaman Revolusi Kebudayaan nang tlatah Cino.
Sinematografine uapik. Omong-omongane mbulet. Plot-e (bahasa Jawa-ne plot opo yo?) mbolak-mbalik. Ceritane rodho misterius lan wingit. Nontone kudu tenanan. Gak entuk meleng. Aku wae sok-sok mundurke meneh ben rodo dong karepe opo.
Sik marakke juengkel kuwi pas fragmen sik keri. Opo sebabe? Sebabe mung siji: fragmen kepapat kuwi blas gak ono terjemahane. Ojo maneh terjemahan bahasa Indonesia, terjemahan bahasa Inggris wae gak ono. Anane mung bahasa Thailand ambek bahasa Cino. Lha aku kan ora reti bahasa Cino, opo maneh bahasa Thailand. Padahal aku wes mbelan-mbelani niteni ben adegan lan omong-omongane. Lha pas wayahe fragmen terakhir (kiro-kiro 30 menit engkas) sik arep njelaske misteri lan rahasia-rahasia liyane, wealah.... terjemahan Indonesia lan Inggris-e malah bablas. Padahal pelem iki kebak mbek omong-omongan.
Bar kuwi, laptop bosok-ku yo melu-melu mutung. Lha laptop-ku gak iso diuripke maneh. Adaptor lan charger-e isih iso urip. Tapi setrum-e kuwi gak iso mlebu nang baterei. Opo rak soyo mangkeli?
Aku yo dadine muangkel tenan. Juengkel pol-polan. Iki dino opo toh? Senin, ya? Ketoke aku kudu puoso Senin-Kemis meneh. Pancen, Dog!
wah siyal kok beruntun. pertanda opo iku zen? opo mungkin iku salah satu "cara" kanggo mensukseskanmu ke tahap yang lebih tinggi. ( masih jadi vegan murni?)
BalasHapuswkakakakaaa... *ketawa jahat*
BalasHapuspuwass...
wahahahahaha.. CD-ne mesthi bajakan kuwhi... hihihihi
BalasHapus:P
hahahaha, sakjane yho mesakke, tapi ga kuwat aku nahan ben ga ngguyu..
BalasHapuskoyok jarena mas kw, mungkin kuwi ujian, untuk naek ke level yang lebih tinggi ;))
@ anonim: lha rumangsamu toh? rak mutu ya? ben wae.... hehehe!
BalasHapusuarep nganggo pisuhane wong suroboyo, njogja, mangkasar, medura..po mbanyumasan mas ??
BalasHapusmbanyumasan wae ya..kii pisuhane..
"KUPAT...!!!!"
woh... penak pisuhan banyumasan yo, marakke wareg. tak tambahi pisuhan vegetarian ben tambah wareg:
BalasHapusLOTEK!!!
jarang2 loh blogger yang posting pake bahasa jawa. biasanya kan pake bahasa ind atw ing.. Nice
BalasHapusmangkel ki artine mang-kelon-i ... :)
BalasHapus